
Khutbah I
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ اْلِإسْلَامَ دِيْنًا قَيِّمًا. فَأَمَرَ عِبَادَهُ بِالتَّوْبَةِ اِلَيْه ِمِنْ جَمِيْعِ الذُّنُوْبِ صَغِيْرًا اَوْ كَبِيْرًا. وَحَذَرَهُمْ عَنِ ابْتِغَاءِ غَيْرِهِ طُغْياَناً وَكُفْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَكَانَ بِعِبَادِهِ عَفُوًّا غَفُوْرًا، وَ أَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ الَّذِى أَرْسَلَهُ اللهُ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ كَانُوْا بَيْنَ الْأُمَّةِ خِيَّارًا. اَمَّا بَعْد: فَيَا مَعَاشِرَالْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ! اِتَّقُوْاااللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: اَلَّذِيْنَ يَذْكُرُوْنَ اللهَ قِيَامًا وَقُعُوْدًا وَعَلَى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِى خَلْقِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِ، رَبَّنَا مَاخَلَقْتَ هَذَا باَطِلًا، سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Hadirin jamaah Jum’ah rahimakumullah,
Mangga kita tansah ambudidaya ningkatken ketakwaan dhateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi sakyektosipun takwa, sarana nindakaken sedaya perintahipun, lan nebihi sedaya ingkang dados awisanipun.
Lan mangga kita renungaken malih kanthi sakyektos tujuanipun gesang wonten ing dunya menika. Mangertosi sejatosipun manungsa kaciptaaken saking pundi, menapa tugasipun wonten alam dunya, lajeng dhateng pundi badhe kondur ing benjangipun. Pitutur Jawi ingkang kawastanan: “Sangkan Paraning Dumadi“
Hadirin jamaah Jum’ah rahimakumullah,
Allah Ta’ala sampun dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
Ingkang artosipun: “Lan Ingsun ora nyiptakake jin lan manungsa, kejaba supaya dheweke ngibadah marang Ingsun.” (Q.S. adz-Dzariyat: 56)
Manungsa kaciptaaken kagungan guna faedah lan tujuanipun. Minangka hambanipun Allah ingkang beriman, kita dipunwajibaken supados tansah manembah dhateng Panjenenganipun mawi kebak kepatuhan lan kepasrahan. Mboten amargi Allah ingkang betah dipun sembah, nanging kita ingkang mbetahaken nyembah dhateng Panjenenganipun Allah Ta’ala. Saking sedaya menika kita badhe dipun suwuni pertanggungjawaban benjang wonten ing dinten akhir utawi Yaumil Qiyamah. Kados ingkang sampun kadhawuhaken wonten ing al-Qur’an surat al-Qiyamah ayat 36:
أَيَحْسَبُ الْإِنْسَانُ أَنْ يُتْرَكَ سُدًى
Ingkang artosipun: “Apa to manungsa ngiro, menowo dheweke bakal Ingsun jarke tanpo guna (tanpa pertanggungjawaban)?”
Hadirin jamaah Jum’ah rahimakumullah,
Manungsa dipun ciptaaken Allah Ta’ala ugi minangka dados khalifah wonten ing bumi. Kados ingkang sampun kaserat wonten ing al-Qur’an, surat al-Baqarah ayat 30, Allah Ta’ala dhawuh:
وَإِذۡ قَالَ رَبُّكَ لِلۡمَلَـٰۤىِٕكَةِ إِنِّی جَاعِلࣱ فِی ٱلۡأَرۡضِ خَلِیفَةࣰۖ قَالُوۤا۟ أَتَجۡعَلُ فِیهَا مَن یُفۡسِدُ فِیهَا وَیَسۡفِكُ ٱلدِّمَاۤءَ وَنَحۡنُ نُسَبِّحُ بِحَمۡدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَۖ قَالَ إِنِّیۤ أَعۡلَمُ مَا لَا تَعۡلَمُونَ
Ingkang artosipun: “Lan (elingo) nalika Pangeranmu dhawuh marang para malaikat, ‘Ingsun kersa ndadekake khalifah ana ing bumi’, para malaikat matur: ‘Punapa Panjenengan badhe ndadosaken piyantun ingkang ngrusak lan sami numpahaken darah wonten ing bumi, sementara kita sami bertasbih, memuji lan nyucekaken dhateng Asma Panjenengan?’ Panjenenganipun (Allah) lajeng dhawuh: ‘Yekti, Ingsun luwih pirsa marang apa wae kang sira kabeh ora mangerteni.”
Hadirin jamaah Jum’ah rahimakumullah,
Minangka dados khalifah, kita ugi dipunwajibaken njagi keseimbangan pigesangan wonten ing bumi menika. Njaga harmonisasi (keselarasan) dhateng sesami lan alam sekitar kita. Njagi hubungan ingkang sae dhateng sesami, silaturrahim lan saling asih, lan wajib ngrawat lan nglestarekaken lingkungan supados saget dipun pendhet kemanfaatanipun.
Kanjeng Rasul shollallahu ‘alaihi wasallam dhawuh:
عَنْ جَابِرِ قَالَ : قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهَ عَلَيْهِ وَسَلّمَ : المُؤْمِنُ يَأْلَفُ وَيُؤْلَفُ ، وَلَا خَيْرَ فِيْمَنْ لَا يَأْلَفُ ، وَلَا يُؤْلَفُ، وَخَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Ingkang artosipun:“Saking Jabir ngendika, Rasululloh shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh: ‘Wong kang iman iku nduwehi sikap kang ramah, lan ora ana kebagusane wong kang ora nduweni sikap ramah, lan sak apik-apike manungsa yaiku kang paling manfaati tumprah manungsa (liyo)’.” (HR. at-Thabrani lan Daruquthni)
Hadirin jamaah Jum’ah rahimakumullah,
Saking katerangan ing inggil, wonten kalih tugas (misi) agung tumrap manungsa ingkang kasampurnaaken akal lan kedadosanipun: bilih sejatosipun manungsa dipun ciptaaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala namung kagem manembah lan ngibadah dhateng Panjenenganipun Allah, lan minangka dados kholifah wonten bumi dipunwajibaken njagi hubungan ingkang sae dhateng sesami lan semesta alam. Kalih misi menika sami-sami arupi ngibadah, amargi kekalihipun sami-sami nuprih dhateng ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Atas ridlanipun Allah Ta’ala, mugi-mugi kita sami saget manggihaken sejatosipun manungsa, tinitah saking Allah, ngabekti lan ngibadah namung dhateng Panjenenganipun, lan dhateng Panjenenganipun kita benjang badhe sowan. Mugi-mugi kita sami pikantuk kawilujengan, salamatan fiddini wad dunya wal akhirah.
باَرَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَ نَفَعَنيِ وَ إِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنّىِ وَ مِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَفِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ
فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْاااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىأَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.وَالْحَمْدللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَخْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 6 Januari 2023 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA/Imha.