mendidik anak salih mengaji

Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، اَلَّذِى خَلَقَ اْلإِنْسَانَ خَلِيْفَةً فِي اْلأَرْضِ وَالَّذِى جَعَلَ كُلَّ شَيْئٍ إِعْتِبَارًا لِّلْمُتَّقِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةًوَّسُرُوْرًا. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحـْدَهُ لاَشـَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَعَلَى كُلِّ شَيْئ ٍقَدِيْرٌ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمـَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ وَاَفْضلِ اْلاَنْبِيَاءِ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَاِبه اَجْمَعِيْنَ

اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّوَاَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَلْيَخْشَ ٱلَّذِينَ لَوْ تَرَكُواْ مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَـٰافاً خَافُواْ عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلْيَقُولُواْ قَوْلاً سَدِيدًا. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Jama’ah Jum’at ingkang dipun mulyakaken Allah,

Sumangga kula lan panjenengan senantiasa ngagungaken asma Allah Ta’ala kanthi ngucapaken Alhamdulillahi Rabbil ‘Aalamin, atas sedaya limpahan pinten-pinten nikmat saha karunianipun. Langkung-langkung Allah Ta’ala sampun paring dhumateng kita karunia ingkang mulia sanget arupi iman, islam, ugi kesehatan.

Shalawat lan salam mboten henti-hentinipun kita sanjungaken dhateng kanjeng Rasul pilihan lan Nabi tercinta, Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam. Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya pikantuk syafaatipun wonten ing akhirat mangke.  Aamin.

Saklajengipun sumangga kita tingkataken taqwa dhateng Allah Ta’ala kanthi nindakaken sedayaning perintahipun lan nebihi sedaya larangan-laranganipun. Menika lah sejatosipun prinsip utami hamba-hamba pilihan Allah Ta’ala.

Jama’ah Jum’at ingkang dipun mulyakaken Allah,

Anak utawi putra inggih punika anugerah ingkang Allah amanahaken utawi dipun titipaken dhumateng kita. Anak inggih punika setunggaling angge-angge (perhiasan) dunya. Kados dene ingkang sampun dipun sebataken wonten ing lebeting al-Qur’an ingkang suraosipun :

الْمَالُ وَالْبَنُونَ زِينَةُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَالْبَاقِيَاتُ الصَّالِحَاتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلاً

Artosipun: “Bandha lan anak-anak menika perhiasan pagesangan donya, nanging amalan-amalan ingkang kekal saha shaleh inggih menika langkung sae pahalanipun wonten ing ngarsanipun Pengeran sira, saha langkung sae dados pangajeng-ajeng.” (Q.S. al-Kahfi: 46)

Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,

Perlu kita mangertosi bilih perhiasan utawi angge-angge menika merupakan setunggaling barang ingkang endah sanget, bernilai sanget, lan berharga sanget. Salah setunggaling tiyang ingkang gadhah angge-angge, tentu piyambakipun badhe nyimpen lan ngrimat kanthi sak sae-saenipun, amargi piyambakipun mangertos saestu bilih perhiasan menika aos utawi mahal sanget reginipun.

Mekaten ugi sakwangsulipun nalikane tiyang sepah ngrumaosi menawi lare kasebat menika merupakan perhiasan, pramila piyambakipun badhe berusaha ngreksa lan ngasuh kanthi sak sae-saeenipun, ndhidhik lan mulang kanthi leres. Amargi tiyang sepah saestu gadhah pemanggih mangke larenipun ingkang badhe ngurus lan nggantos piyambakipun nalika piyambakipun dumugi ing yuswa sepuh.

Punapa malih bilih dipun tambah putra-putranipun gadhah setunggaling prestasi, mila prestasi putra-putri menika ingkang badhe dados penyenang manah (Qurrata A’yun) tiyang sepuhipun.

Gusti Allah sampun ngendikan wonten al-Qur’an:

وَالَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

Artosipun: “Lan tiyang-tiyang sami ngendika, Duh Pengeran kula, anugerahkanlah dhateng kula pasangan kula lan keturunan kula dados penyenang manah, lan ndadosaken dhateng kula pemimpin (imam) kagem tiyang-tiyang ingkang bertakwa.” (Q.S. al-Furqan: 74)

Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,

Wonten redaksi ayat lintu, Gusti Allah ugi nyinggung bilih putra-putri kita ugi saged dados musuh kita, menawi putra-putri kita nglanggar dhateng syariat agama saha mboten bekti dhumateng Allah, rasul, saha tiyang sepahipun. Hal menika saged terjadi kranten kita nglirwakaken utawi mboten saget anggenipun ndhidhik lan nggulawentah putra-putri kita kanthi sak sahe-sahenipun.

إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلادُكُمْ فِتْنَةٌ وَاللَّهُ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ

Artosipun: “Saktemene bandha-bandha sira kabeh lan anak-anak sira kabeh menika fitnah, lan ing ngarsane Allah wonten ganjaran ingkang ageng.” (Q.S. at-Taghabun: 15)

Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,

Nyithak utawi ngasilaken generasi shalih sanes lah prakawis ingkang ringan, ananging inggih menika termasuk perkawis ingkang estu awrat sanget lan betah kathah sanget pengorbanan-pengorbanan. Ananging ugi kita kedah gadhah keyakinan bilih temen-temen angsale nglampahi, mangka Gusti Allah Ta’ala bakal paring dalan ingkang gampil menapa ingkang kita cita-cita-aken.

Ing antawisipun ikhtiar kita kadamel ndhidhik putra-putri kita kersanipun dados piyantun ingkang sahe (shaleh) inggih menika:

Angka Setunggal, Ibda’ Binafsik (memulai dari diri sendiri) Tiyang sepah langkung rumiyin usaha dados shaleh rumiyen. Kita kedah belajar nyontoni sakderengipun kita ngutus putra-putri kita. Pramila siap dados tiyang sepah artosipun siap dados teladhan kangge keluwarga, mboten namung maringi nedha, rasukan, lan nyekapaken kebetahan lare.

Angka Kalih, Istiqamah pados rizki ingkang halal kagem keluwarga. Nafkah ingkang halal menika berpengaruh dhateng kepribadianipun putra-putri kita. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:

إِنَّ الْمُسْلِمَ إِذَا أَنْفَقَ عَلَى أَهْلِهِ كَانَتْ لَهُ صَدَقَةً

Artosipun: “Saktemene piyantun muslim menika, menawi paring nafkah dhumateng keluarganipun, mangka menika badhe dados sadakah kangge piyambake. (HR. Ibnu Hibban)

Angka kaping tiga, Dedunga lan nyuwun kanthi saestu dhateng Allah SWT supados dados putra-putri ingkang shalih shalihah. Wondene ing antawisipun donga inggih punika:

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ

“Duhai Rabbku, anugerahkanlah dhumateng kula (putra) ingkang termasuk piyantun-piyantu shaleh.”

رَبِّ اجْعَلْنِى مُقِيمَ الصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِى رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَآءِ

“Duhai Rabbku, panjenengan dadosne kula dados tiyang ingkang negakake shalat, saha saking keturunan kula. Duhai Rabb kula, panjenengan kabulaken doa kula.”

Lan ugi donga-donga lintunipun ingkang sae lan dipun lampahi kanthi istiqamah.

Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,

Saklajengipun angka kaping sekawan,  Awit cilik kersa mulang lan merintah anglampahi shalat kanthi bener. Sampun ngantos alit kita paring toleransi ingkang salah, sahingga mangke ing tembe dhewasa terbiasa nglampahi salah.

مُرُوا أَوْلَادَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَهُمْ أَبْنَاءُ سَبْعِ سِنِينَ وَاضْرِبُوهُمْ عَلَيْهَا وَهُمْ أَبْنَاءُ عَشْرٍ وَفَرِّقُوا بَيْنَهُمْ فِي الْمَضَاجِعِ

“Perintahen anak-anak sira kabeh kangge shalat nalika umur pitung tahun, lan pukulen bilih mboten purun nindakaken shalat bilih sampun umur sedasa tahun, saha pisahen papan tilem ing antawis piyambakipun sedaya.” (HR. Abu Dawud)

Angka kaping gangsal, Muruki akhlaq ingkang sae. Mbelajari lan ngulang akhlaq dhateng putra-putri kita mawi hal-hal ingkang sederhana utawi ringan-ringan, misalipun tata caranipun salaman-sungkem kalian piyantun sepuh lan maem-nginum, kedah mawi adab kados dene berdoa sakderenge lan sak sampunipun maem-nginum ugi mendet dhaharan ingkang celak ingkang sampun cumawis, lan lintu-lintunipun ingkang berkaitan kalian akhlaq.

Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,

Mekantenlah ing antawisipun ikhtiar amalan-amalan narbiyah(didik) putra-putri kita kersanipun dados piyantun igkang shaleh lain shalihah. Mugi-mugi gusti Allah paring karidhan, sahingga putra-putri kita dadosno putra-putri ingkang shalih-shalihah, ingkang bektas dhateng Allah, rasul, lan tiyang sepah saha berguna bagi agama nuswa lan bangsa. Lan kita sedaya termasuk golonganipun umat ingkang sabar lan ikhlas nggulawentah putra-putri kita ingkang sampun dipun amanahaken dhumateng kita sami. Aamiin…Aamiin…Aamiin Ya Rabbal ‘Aalamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَ نَفَعَنِى وَ اِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم،ِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ. اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II  

 إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الصَّادِقِ الْوَعْدِ الْأَمِيْنِ، وَعَلٰى إِخْوَانِهِ النَّبِيِّيْنَ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أُمَّهَاتِ الْمُؤْمِنِيْنَ، وَآلِ الْبَيْتِ الطَّاهِرِيْنَ، وَعَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنِ الْأَئِمَّةِ الْمُهْتَدِيْنَ، أَبِيْ حَنِيْفَةَ وَمَالِكٍ وَالشَّافِعِيِّ وَأَحْمَدَ وَعَنِ الْأَوْلِيَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ غَيْرَ ضٰالِّيْنَ وَلاَ مُضِلِّيْنَ، اَللّٰهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتِنَا وآمِنْ رَّوْعَاتِنَا وَاكْفِنَا مَا أَهَمَّنَا وَقِنَا شَرَّ ما نَتَخوَّفُ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشٰاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَاتَّقُوْهُ يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 17 Juni 2022 ini disusun oleh Ust. Imam Hanafi, Sekretaris LDNU Trenggalek; editor BNA.

You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa LDNU Trenggalek: Esensi Syukur

Khutbah I الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اخْتَارَ الْبَقَاءَ لِنَفْسِهِ وَارْتَضَاهُ. وَحَكَمَ فِيْهِمْ بِعَدْلِهِ…

Khutbah Jumat Basa Jawa LDNU Trenggalek: Makna lan Kautamaan Wulan Rajab

Khutbah I الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ…