Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ الْحَيَوةَ الدُّنْيَا لَعِبًا وَلَغْوًا وَزِيْنَةً. وَاَمَرَ عِبَادَهُ بِالدُخُوْلِ فِى الْاِسْلَامِ كَافَّةً. وَاَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ

اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ الْمُجَاهِدِيْنَ بِالْاَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ لِإِعْلَاءِ  كَلِمَةِ اللهِ

اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَاللهِ اُوْصِيْكُمْ وَ اِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: أَفَحَسِبْتُمْ أَنَّمَا خَلَقْنَاكُمْ عَبَثًا وَأَنَّكُمْ إِلَيْنَا لَا تُرْجَعُونَ. صَدَقَ اللهُ اْلعَظِيْمُ

Jamaah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah!

Mangga, kita tansah ambudidaya nglampahi sedaya perintah-perintahipun Allah lan nebihi sedaya ingkang dados awisan-awisanipun. Kanthi mekaten kita saget kalebet golonganipun hamba ingkang kawastanan takwallah, ingkang wilujeng dunya lan akhirat.

Lan mangga wonten ing awal tahun hijriyah punika, kita ginaaken sak estu kesempatan kagem ningkataken nilai ibadah wonten Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, lan nebaraken kemanfaatan kagem sesami. Kita evaluasi pribadi kita piyambak-piyambak, supados gesang kita langkung sae lahir tuwin batin.

Jamaah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah!

Wonten tigang perkawis kagem evaluasi diri.

Nomer setunggal muhasabah, artosipun: ngetang-ngetang dhateng amal perbuatan piyambak. Ngoreksi saha introspeksi dhateng diri pribadi. Belajar saking kekurangan lan kesalahan, nuju dhateng perbuatan ingkang langkung sae ingkang dipun ridhani Allah. Amargi sedaya tindak lampah kita mbenjang badhe dipun hisab lan dipun suwuni pertanggungjawaban wonten Ngarsa Dalem Allah Ta’ala.

Allah Ta’ala sampun dhawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

Artosipun kirang langkung: “He wong-wong kang padha iman, wediya sira kabeh marang Allah lan becik ngaweruhono marang awak-awakan, opo wae kang wus den tindakake ing wektu kang wus kliwat kanggo dina sesuk. Lan wediya sira kabeh marang Allah, sak temene Allah iku Dzat kang Maha Waspada marang perkara kang wus sira tindakake.” (Surat alHasyr: 18)

Nomer kalih Mubadaroh, artosipun enggal-enggal tumandang nglampahi amal ibadah. Sampun ngantos kita menunda-nunda kesempatan. Amargi, tiyang ingkang menunda-nunda kesempatan kagem amal punika kagolong tiyang ingkang kabujuk lan dados tandha bodhonipun jiwa.

Kados dhawuh hikmah ipun Syekh Ibnu ‘Atho’illah asSakandari:

إِحَالَتُكَ الْأَعْمَالَ عَلىَ وُجُوْدِ اْلفَراَغِ مِنْ رُعُوْنَاتِ النَّفْسِ

Artosipun: “Nunda amal sholih kanggo nunggu kesempatan (wektu) kang luwih longgar iku kagolong tandha bodhone jiwa.”

Jamaah ingkang minulya,

Kita mboten ngertos ajal ingkang badhe tumiba. Ajal (pati) dhumawah tan weruh wayah. Kita ginakaken sak estu kesempatan kagem amal shalih, sak derengipun pejah.  Mangga kita berlomba-lomba dhateng margi kesaenan (fastabiqul khairat).

Ingkang kaping tiga, kagem bahan evaluasi dhiri inggih punika: Muqarrabah, tegesipun memareg/nyedhak dhateng Allah.

Jamaah Jum’at ingkang dipun rahmati Allah!

Ngengingi masalah muqarrabah/taqarrub punika kathah tata caranipun, sesuai kalian kondisi batin lan aktivitas ibadah saha amaliyah saben tiyang ingkang mawarni-warni. Nanging dhasaripun sami, yakni nindakaken sedaya ingkang dipun wajibaken Allah lan nebihi punapa kemawon ingkang dipun haramaken Allah, saha nindakaken sunah-sunah Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassalam, lan ugi nindakaken amal-amal shalih lintunipun.

Sedaya dipun lampahi sarana penuh kesadaran lan ikhlas, semata-mata namung pados ridhanipun Allah. Punika jumbuh kalian dhawuhipun Kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi wassalam, nalika dipun dangu malaikat Jibril ‘alihis salam ngengingi perkawis Ihsan, Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wassalam dhawuh:

الْإِحْسَانُ أَنْ تَعْبُدَ اللَّهَ كَأَنَّكَ تَرَاهُ، فَإِنْ لَمْ تَكُنْ تَرَاهُ فَإِنَّهُ يَرَاكَ

“Ihsan yaiku ngibadaho marang Allah kaya-kaya sliramu weruh marang Allah, mangka lamun sliramu ora bisa weruh, (yaqina) sak temene Allah mirsani marang sliramu.” (HR. Bukhori)

Makaten khutbah kaaturaken, mugi-mugi kita tansah pikantuk ridha saking Ngarso Dalem Allah Ta’ala, kekiatan nglampahi perintah-perintahipun, nebihi awisan-awisanipun, njagi sunah-sunah rasulipun, lan nglampahi amal-amal shalih lintunipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَ لَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَ نَفَعَنِي وَ اِيَّاكُمْ بِالْاٰيَاتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ اِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْم. اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِالْمُسْلِمِيْنَ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II  

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَافِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ

فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَاتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىئَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 14 Muharram 1444 H / 12 Agustus 2022 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA.

You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Khutbah Jumat Basa Jawa: Menakar Perjalanan Hidup di Dunia untuk Kehidupan di Akhirat (LDNU Trenggalek)

Khutbah I اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ اَلْحَمْدُللهِ الَّذِيْ وَعَدَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا…

Khutbah Jumat: 5 Perkara yang Dicintai dan Ditinggalkan Manusia di Akhir Zaman

Khutbah I اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فِى كُلِّ حِيْنٍ…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.