KHUTBAH 1

الحَمْدُ لِلّٰهِ مُكَوِّنِ الْأَكْوَانِ، الْمَوْجُوْدِ أَزَلًا وَّأَبَدًا بِلَا مَكَانٍ، الْمُنَزَّهِ عَنِ الشَّكْلِ وَالْأَعْضَاءِ وَالْأَرْكَانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِصِدْقٍ وَإِحْسَانٍ، أَشْهَدُ أنْ لَا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَزَّهُ عَنِ الْأَيْنِ وَالزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَّسُوْلُ اللهِ الَّذِي كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: فَاطِرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ جَعَلَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا وَّمِنَ الْاَنْعَامِ اَزْوَاجًاۚ يَذْرَؤُكُمْ فِيْهِۗ لَيْسَ كَمِثْلِهٖ شَيْءٌۚ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Jamaah Jum’ah rahimakumullah,

Sampun dados kewajibanipun khatib, amargi dados rukunipun khutbah, saking mimbar ingkang mubarrok menika, kawula wasiat dhumateng para jamaah, khususipun dhumateng kawula pribadi. Mangga kita tansah ambudidaya ningkataken kualitas keimanan saha ketakwaan kita dhateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, sarana nindakaken sedaya perintah-perintahipun, ugi nebihi sedaya dosa lan awisan-awisanipun Allah Ta’ala.

Jamaah Jum’ah rahimakumullah,

Dinten sakmenika, kita taksih wonten ing salah setunggalipun wulan ingkang dipun mulyakaken Allah, utawi istilahipun al-Asyhurul Hurum, yakni Wulan Rajab. Wulan tumurunipun mukjizat Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ ingkang agung, inggih punika Isra’ Mi’raj. Ingkang kemukjizatanipun, kaliyan Allah dipun abadikan wonten ing dalem Al-Qur’anil Karim, Surat al-Isra’, ayat 1:

اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، سُبْحَانَ الَّذِى اَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَى الَّذِى بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ اَيَاتِنَا اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Artosipun kirang langkung mekaten:

Maha Suci Dzat kang wus nglampahake kawulane ana ing wayah bengi, saking Masjidil Haram marang Masjid AlAqsha, kang Kita (Allah) akehake barokahe ing kiwa tengene supaya Kita (Allah) weruhake marang panjenengane sebagian tanda kekuasaan Kita (Allah). Sak temene Allah iku Dzat Kang Maha Midhanget lan Maha Mirsani.

Tujuan Isra’ Mi’raj menika mboten sanes kejaba Allah ngersakaken paring pirsa tanda kekuasaan ipun (keajaiban-keajaiban) ciptaanipun Allah dhateng Kanjeng Nabi:

لِنُرِيَهُ مِنْ اَيَاتِنَا

“Supaya Kita (Allah) meruhake marang panjenengane sebagian tanda kekuasaan Kita (Allah).

Saking ayat menika, jelas klintu menawi wonten pemanggih ingkang mastani bilih Kanjeng Nabi Isra’ Mi’raj sowan manggihi Allah wonten ing nginggil langit. Pendapat ingkang mekaten menika berarti nyerupakaken Allah kaliyan makhlukipun, ingkang betah arah saha panggenan. Jelas menika nyimpang saking ajaran Ahlussunnah wal Jamaah.

Dhawuhipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah:

اِنَّ اللهَ خَلَقَ الْعَرْشَ اِظْهَارًا لِقُدْرَتِهِ وَلَمْ يَتَّخِذْهُ مَكَانًا لِذَاتِهِ

Ingkang artosipun: “Sak temene Allah iku nyiptakake ‘Arsy kanggo nuduhake kekuasaane, ora kanggo manggon Dzate”.

Sidang jamaah Jum’ah rahimakumullah,

Saking perjalanan Isra’ Mi’raj punika, paling mboten kita saget mendhet kalih hikmah utawi substansi-nipun.

Sepisan, peristiwa agung punika minangka salah setunggalipun perkawis ingkang akalipun manungso mboten dumugi menawi dipun angen-angen. Ateges, peristiwa Isra’ Mi’raj punika nguji dhumateng sepinten kandelipun iman kita. Amargi mboten sedaya perkawis punika tolak ukuripun ‘masuk akal’, ingkang akhir-akhir sak mangke dipun banggak-banggakaken, sahingga punapa kemawon menawi mboten cocok kalian pemanggih akalipun, lajeng dipun-tentang, dipun ingkari. Luwih-luwih, berdalih kaliyan ayat-ayat lan hadits-hadits ingkang nyocoki dhateng pendapat lan akal pribadinipun piyambak. Kita kedah sadhar lan faham bilih kathah perkawis ingkang akalipun manungsa mboten dumugi, nanging kedah dipun yakini kabenaranipun.

Dhawuhipun Allah Ta’ala:

وَمَا اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا

“Siro kabeh ora den paringi ilmu kejaba mung sethithik.”

Jamaah Jum’at ingkang minulya,

Hikmah utawi substansi Isra’ Mi’raj ingkang ongko kalih, inggih punika kita itibar saking peristiwa dipun bedhahi dhadhanipun Kanjeng Nabi ﷺ sak derengipun sowan madhep Ngarsa Dalem Allah Ta’ala.

Tegesipun, menawi Kanjeng Nabi ingkang sampun jelas cetha luhur derajatipun lan suci penggalihipun mawon taksih dipun bersihaken rumiyin, kados pundi kita umatipun ingkang kathah dosa, maksiat lan penyakit-penyakit batin lintu-lintunipun.

Badhe shalat, umpaminipun, kedah sarana manah ingkang bersih, ning, lan sepi saking perkawis-perkawis ingkang ngregeti manah. Kados dene urusan-urusan duniawi lan sak wenehipun ingkang saget nungkulaken manah. Ingkang ndadosaken manah mboten saget khusyuk dhumateng Allah Ta’ala.

Praktekipun, kita mulai saking wudlu utawi sesuci. Kedah sarana niat nyucekaken lahir ngantos batin. Amargi wudlu utawi sesuci punika wonten sekawan derajat, yakni:

Sepisan:

تَطْهِيْرُ الظَّاهِرِ عَنِ الْاَحْدَاثِ وَعَنِ الْاَخْبَاثِ وَالْفُضُلَاتِ

“Nyucekake anggauta lahir saking pinten-pinten hadats, najis, lan kotoran.”

Ingkang angka kalih:

تَطْهِيْرُ الْجَوَارِحِ عَنِ الْجَرَاءِمِ وَالْاَثَامِ

“Nyucekaken anggauta lahir saking pinten-pinten dosa.”

Derajat kaping tiga:

تَطْهِيْرُ الْقَلْبِ عَنِ الْاَخْلَاقِ الَمَذْمُوْمَةِ وَالرَّذَاءِلِ الْمَمْقُتَةِ

“Nyucekake manah saking pakerti ingkang dipun wada, ugi sifat asor ingkang binendu.”

Lajeng ingkang kaping sekawan:

تَطْهِيْرُ السِّرِّ عَمَّا سِوَى اللهُ تَعَالَى

“Nyucekake samare manah saking perkawis sak lintunipun Allah Ta’ala.” (Ingkang kados sesucinipun para nabi lan shiddiqin)

Dados, menawi wudlu utawi sesuci kita saget sampurna, insyaallah shalat kita saget sahe lan sampurna. Tegesipun khusyu’. Amargi wudlu utawi sesuci ingkang sampurna saget nyucekaken lahir saha batin kita. Dhawuhipun Nabi ﷺ:

مِفْتَاحُ الصَّلاَةِ الطَّهُوْرُ

Artosipun: “Kuncinipun shalat inggih punika suci”.

Makaten setengah saking hikmah peristiwa agung Isra’ Mi’rajipun Kanjeng Rasul Muhammad ﷺ, mugi-mugi saget nambah kuwantitas saha kuwalitas keimanan lan ibadah kita dhateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, saha kita wilujeng wonten ing dunya lan wilujeng wonten ing mbenjang akhirot. Amin, amin, amin, Ya Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكَمْ بِالْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ إِنَّهُ تَعَالَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَءُوْفٌ رَّحِيْمِ

KHUTBAH 2

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا

أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ

فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

*Teks khutbah Jumat berbahasa Jawa ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek.
You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Khutbah Jumat Basa Jawa: Menakar Perjalanan Hidup di Dunia untuk Kehidupan di Akhirat (LDNU Trenggalek)

Khutbah I اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ اَلْحَمْدُللهِ الَّذِيْ وَعَدَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا…

Khutbah Jumat: 5 Perkara yang Dicintai dan Ditinggalkan Manusia di Akhir Zaman

Khutbah I اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فِى كُلِّ حِيْنٍ…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.