
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَ هَذِهِ اْلأُمَّةَ بِشَهْرِ رَمَضَانَ. فَحَقَّ اَنْ نَسْتَقْبِلَهُ بِالسُّرُوْرِ وَاْلاِبْتِهَاجِ وَالْفَرْحَانِ. شَهْرُ الرَّحْمَةِ وَالْغُفْرَانِ وَالعِتْقِ مِنَ النِّيْرَانِ. شَهْرٌ يُمْكِنُ فِيْهِ اَنْ نَسْتَعْمِلَهُ لِنَيْلِ الْبَرَكَةِ وَالتُّقَى وَالرِّضْوَانِ. وَاَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيّاَنُ. وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُؤَيَّدُ بِأَفْضَلِ الْمُعْجِزَاتِ الْقُرْاَنِ. صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَلَّذِيْنَ اهْتَدَوْا بِالْعِرْفَانِ
أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
أَمّاَ بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ رَحِمَكُمُ اللهُ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَا اللهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ شَهْرَ رَمَضَانَ تِرْيَاقٌ مِنْ شُؤُوْمِ سَائِرِ الشُّهُوْرِ. وَحَلَّ لِمَسَائِلِهَا مِنَ اللهِ الْعَفُوِّ الْغَفُوْرِ
Para sedherek kaum muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita sami ningkataken ketakwaan kita dhumateng Gusti Allah. Lan sampun ngantos kita sami mbenjang pejah, kejawi netepi agami Islam. Lan sumangga sami mangertosi bilih bulan Ramadhan merupakan “penawar racun”, sekaligus sebagai solusi daripada permasalahan-permasalahan saking wulan-wulan lintunipun. Hal menika terkait wontenipun kewajiban ngelampai siyam sak lebetipun Ramadhan.
Proses penawaran racun utawi “detoksifikasi” kanthi siyam menika meliputi raga lan jiwa.
Sepindhah, detoksifikasi racun raga.
Perkawis punikan sesuai kalian ingkang sampun sering lan kathah diungkapaken dening bidang kedokteran. Sampun kathah para dokter ingkang nerapaken “terapi puasa” kangge ngobati keluhan penyakit-penyakit tertentu. Inggih punika kanthi ngelampahi siyam sesuai ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah ﷺ, tamtunipun kanthi merhatosken pola cukup, sehat, saha bergizi ing wekdal buka lan sahur. Mangka badhe mujudaken proses metabolisme ingkang langkung sahe. Saget ningkataken kinerja insulin (hormon penyetabil kadar gula darah), mengurangi laju pembelahan sel, termasuk sel kanker, nurunaken kadar hormon stress, lan manfaat lintu-lintunipun.
Sahingga kanthi nglampahi siyam, insyaallah bobotipun badhan saget ideal, kesehatan jantung langkung terjagi, resiko diabetes lan kanker terkurangi, ugi kesehatan mental saget terjagi.
Terkait keterangan menika wonten setunggal maqalah :
صُوْمُوْا تَصِحُّوْا
Artosipun: “Sira kabeh padha pasa-ha, mangka Sira kabeh bakal sehat.”
Lan wonten setunggal riwayat hadis:
عَنِ الْمِقْدَامِ بنِ مَعْدِى كَرِبَ قَالَ: سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ: “مَامَلَأَ ابْنُ آدَمَ وِعَاءً شَرًّا مِنْ بَطْنِ بِحَسْبِ ابْنِ اَدَمَ أُكُلَاتٍ يُقِمْنَ صُلْبَه ، فَإِنْ كَانَ لَا مَحَالَةَ فَثُلُثٌ لِطَعَامِهِ وَثُلُثٌ لِشَرَابِهِ وَثُلُثٌ لِنَفَسِهِ” رواه الإمام أحمد والترمذي والنَّسائي وابن ماجه وقال الترمذي: حديث حسن
Artosipun: “Saking sahabat Miqdam bin Ma’dikariba dhawuh: ingsun midhanget Rasulullah ﷺ ngendhika, ‘Ora ngebaki anak Adam ing wadhah kang luwih ala, tinimbang weteng. Wus nyukupi kangge Ibnu Adam pirang-pirang puluhan kang wus bisa kanggo ngedekake igo wekasi. Mangka lamun dheweke kudu mangan wareg, sak protelon kanggo panganane, sak protelon kanggo inumane, lan sak protelon kanggo nafase.”
Ingkang angka kalih, inggih punika detoksifikasi Racun Jiwa.
Sarana ngelampai puasa kanthi leres, mangka badhe ndadosaken pikiran saget ter-orientasi dhumateng Allah Swt. Benten kalian wekdal-wekdal sak lintune Ramadhan, ingkang menapa pikiran langkung katah anggenipun ter-orientasi dhateng sak lintune perkawis-perkawis ingkang dipun ridhai Allah.
Hal menika kranten puasa merupakan setunggalipun aktivitas ingkang bermanfaat kangge nyeimbangaken antawisipun emosi dan pikiran. Sahingga kanthi pasa, badhe mujudaken rasa nyaman lan tenang, pikiran kraos langkung bersih lan kandhek saking mikiraken hal-hal ingkang mboten wonten perlunipun, menapa malih ngrugekaken saha meracuni pikiran menika piyambak, ing antawisipun:
- Terbebas saking rasa iri sekaligus endhapan-endhapan akibat rasa iri punika, arupi keluhan lan mboten wontenipun rasa puas, ugi akibat-akibat irasional lintunipun, sahingga dados pikiran ingkang kathah raos syukuripun.
- Terbebas saking raos mengasihani diri, yakni tansah ngeraosaken bilih piyambakipun selalu dados korban atas sedaya permasalahan, saha kecenderungan nyalahaken tiyang lintu, sahingga dados nggadahi pikiran menghargai dhirinipun piyambak sebagai individu dewasa ingkang mampu mengatasi masalah-masalahipun piyambak.
- Terbebas saking rasa urip sak lebetipun impen lan angen angen, dados saget berfikir kangge urip kanthi nyata utawi realistis.
- Terbebas saking rasa khawatir ingkang berlebihan, dados berpikiran tawakal lan husnuzhan dhumateng Allah Swt.
Kaum muslimin rahimakumullah,
Hikmah ing nginggil namung sebagian hikmah pasa ingkang saged kanalar. Lan terlepas saking menika, ingkang jelas, nglampahi siyam Ramadhan merupakan bentuk nyata saking penghambaan kita dhumateng Allah sebagai Pengeran.
Lan ingkang langkung jelas, puasa Ramadhan bermanfaat kangge netralaken racun-racun arupi kesalahan tuwin dosa-dosa ingkang kita koleksi ing ndalem sak njawine wulan Ramadhan. Kados janjinipun Allah Swt lewat dhawuh rasulipun ﷺ.
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ رواه البخاري ومسلم
Artosipun: “Saking sahabat Abi Hurairah dhawuh bilih Rasulullah ﷺ ngendika: ‘Sapa wonge kang pasa wulan Ramadhan kanthi keimanan lan keikhlasan, mangka kanggo dheweke disepura dosa-dosane kang wus kliwat’.”
Lan supados saget nindakaken siyam Ramadhan kanthi iman lan ikhlas, perlu pinten-pinten syarat ingkang kedah kabina lan kaperhatosan, inggih punika:
- Sampun ngantos ngathahaken mengeluh;
- Nguwataken raos syukur kanthi ngathah-ngathahaken ngucap hamdalah;
- Tansah menilai baik dhumateng sinten kemawon ingkang berhubungan kalian kita;
- Tansah ngathahaken dedonga sahe dhumateng tiang lintu;
- Tansah anjagi manah saking suudzan lan saking hal-hal ingkang negatif hingga, manah kita terwujud dados bersih lan terjaga (قَلْبٌ سَلِيْمٌ).
Kaum muslimin rahimakumullah,
Mugi-mugi Gusti Allah kersa nampi siyam Ramadhan ingkang kita lampahi, dosa, lan kalepatan kita dipun ampuni. Lan mugi-mugi kita sedaya dipun hindaraken saking masalah-masalah, musibah-musibah, saha saking bencana dunya lan akhirat. Amin.
جَعَلَنَا اللهُ مِنَ الْمَقْبُوْلِيْنَ الْمَرْضِيِّيْنَ. وَاَدْخَلَنَا فِيْ زُمْرَةِ الصَّالِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَاللهُ يَقُوْلُ وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ. وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْأَنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهُ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرّجِيْمِ، يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
باَرَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فىِ القُرْآنِ الْكَرِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاَكُمْ بِالْاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أُوْصِيْكُمْ عِبَادَ اللهِ وَاِيَّايَ بِتَقْوَا اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَاَحُثُّكُمْ وَنَفْسِي عَلَى طَاعَةِ اللهِ وَرَسُوْلِهِ فِى كُلِّ وَقْتٍ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَّاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ لِيْ وَلَكُمْ وَلِوَالِدَىَّ وَوَالِدِيْكُمْ وَ لِسَاِئرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نجَاَة َالتَّاِئِبيْنَ
- Baca juga: Tata Cara dan Bacaan Bilal Shalat Jumat
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تعَالَى إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ـ لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِن نَّسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۚ أَنتَ مَوْلَانَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
*Teks khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi Jumat tanggal 8 April 2022; disusun oleh KH. Abdurrahman (Gus Halim), Wakil Ketua PC LDNU Trenggalek; editor Ustadz Nafi Alfaraby.