
Khutbah I
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى اَمَرَنَا بِمُلاَزَمَةِ الصَّبْرِ عَلَى جَمِيْعِ الْوَاجِبَاتِ وَالْمُحَرَّمَاتِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَ سُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَ مَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ صَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ اِلَى يَوْمِ الْمَعَادِ
اَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ! اِتَّقُوْااللهَ تَعَالىَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَازِمُوْا عَلىَ الشُّكْرِ وَالصَّبْرِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: اِنَّمَاَ يُوَفَّى الصَّابِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Jama’ah Jum’at Ingkang dipun Mulya’aken Allah,
Mangga kita sami berusaha ningkataken takwallah, kanthi sak leres-leresipun takwa. Punapa kemawon ingkang dados perintahipun Allah kita tindakaken, lan punapa kemawon ingkang dados laranganipun kita tinggalaken.
Lan mangga kita sami ningkataken anggen kita netepi sabar. Amargi sabar punika, selain ganjaranipun ageng, ugi ndadosaken luhur wekasanipun. Allah Ta’ala sampun dhawuh:
اِنَّمَاَ يُوَفَّى الصَّابِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Artosipun: “Sak temene Allah wus nuhoni ganjarane wong kang padha sabar kanthi ganjaran kang tanpa etungan.”
Jama’ah Jum’at rahimakumullah,
Sak lebetipun gesang wonten ing alam bebrayan punika, pasti mboten lepas saking kalih perkawis ingkang identik. Wonten seneng, wonten susah; wonten mulya, wonten sengsar; wonten kajembaran, wonten ugi karupekan. Makaten sak terusipun.
Sejatosipun ingkang ndadosaken awrat punika sanes masalah utawi perkawis ingkang ngenani dhateng pribadi kita. Nanging, kados pundi anggen kita nyikapi perkawis kalawau. Punapa kemawon perkawis ingkang dhumawah dateng kehidupan pribadi kita, kedah kita tampi lan kita sikapi sarana jembaripun dhadha lan ikhlasipun penggalih.
Allah sampun dhawuh:
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَ نَقْصٍ مِنَ اْلاَمْوَالِ وَاْلاَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِالصَّا بِرِيْنَ
Artosipun: “Lan yekti bakal Ingsung (Allah) coba sira kabeh kelawan suwiji-wiji saking wedi lan luwe lan kurang pira-pira bandha, pira-pira awak, pira-pira woh-wohan, lan bebungaha sira Muhammad ing wong-wong kang padha sabar.” (Surat Al Baqarah: 155)
Pramila mangga kita tansah anjagi manah, sampun ngantos kita gadhah penggalih ingkang cupet sak lebetipun nyikapi masalah kehidupan punika. Punapa malih ngantos maido (suuzhan) dateng Pengeran. Menawi kita saget nampi kanthi legawa lan ikhlasipun penggalih, bilih sedaya perkawis punika ujian saking Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, insyaallah piwales ganjaran saking Allah sanget agung, lan kita badhe pikantuk solusi hidup ingkang gampang lan langkung sae saking arah lan margi ingkang tanpa kasangka-sangka.
Dhawuhipun Allah Ta’ala:
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا ، إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
Artosipun: Mangka sak temene sakwuse ana kesulitan iku ana kemudahan. Sak temene sakwuse ana kesulitan ana kemudahan.”
Menika ayat janji nipun Allah, tergantung cara kita menyikapi masalah. Sampun ngantos kita gagal mendhet hikmah ipun saking sedaya masalah (kesulitan). Amargi menawi kita gagal mendhet hikmah ipun saking kesulitan, biasanipun ugi gagal mendhet hikmah ipun nalika nampi kemudahan. Akhiripun kurang raos syukuripun dateng Allah Ta’ala.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah,
Hasan al–Basri radhiyallahu ‘anhu ngendika:
مَنْ لاَ أَدَبَ لَهُ لاَ عِلْمَ لَهُ وَمَنْ لاَ صَبْرَ لَهُ لاَدِیْنَ لَهُ وَمَنْ لاَ وَرَعَ لَهُ لاَ زُلْفَى لَهُ
Artosipun: “Tiyang ingkang mboten gadhah sopan santun berarti piyambake mboten berilmu. Tiyang ingkang mboten sabar, berarti piyambake mboten menghayati agaminipun. Lan tiyang ingkang mboten gadhah sifat wara’ (wira’i), berarti mboten nggadhahi derajat.”
Wondene sabar punika wonten sekawan perkawis:
1. اَلصَّبْرُ عَلَى الْمُصِيْبَةِ Sabar sak lebetipun ngadhepi musibah.
2. اَلصَّبْرُ عَلَى الْمَشَقَّةِ Sabar sak lebetipun ngadhepi kesulitan.
3. اَلصَّبْرُ عَلَى الطَّاعَةِ Sabar sak lebetipun nindakaken taat.
4. اَلصَّبْرُ عَلَى الْمَعْصِيَةِ Sabar sak lebetipun ngedohi maksiat.
Lan perlu kita mangertosi, bilih kesabaran ingkang langkung ageng inggih punika, bersabar nahan syahwat lan hawa nafsu, lan ngedohi faktor penyebab ipun. Semanten ugi sabar nampi musibah. Sedaya punika mbetahaken manah ingkang leres-leres tabah lan ikhlas, saha kedah penuh kepasrahan lan ketawakalan wonten Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Mugi-mugi atas ridhanipun Allah Ta’ala, kita sedaya termasuk golonganipun umat ingkang sabar. Akhiripun wilujeng wonten dunya lan wonten akhirat. Aamiin, Aamiin, Aamiin, Ya Rabbal ‘Aalamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِى وَ اِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الاَيَاتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْم،ِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ، اِنَّ اللهَ مَعَ الصَّابِرِيْنَ ـ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Baca juga: Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)
Khutbah II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الصَّادِقِ الْوَعْدِ الْأَمِيْنِ، وَعَلٰى إِخْوَانِهِ النَّبِيِّيْنَ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أُمَّهَاتِ الْمُؤْمِنِيْنَ، وَآلِ الْبَيْتِ الطَّاهِرِيْنَ، وَعَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنِ الْأَئِمَّةِ الْمُهْتَدِيْنَ، أَبِيْ حَنِيْفَةَ وَمَالِكٍ وَالشَّافِعِيِّ وَأَحْمَدَ وَعَنِ الْأَوْلِيَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ غَيْرَ ضٰالِّيْنَ وَلاَ مُضِلِّيْنَ، اَللّٰهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتِنَا وآمِنْ رَّوْعَاتِنَا وَاكْفِنَا مَا أَهَمَّنَا وَقِنَا شَرَّ ما نَتَخوَّفُ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشٰاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَاتَّقُوْهُ يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi Jumat, 27 Mei 2022 (26 Syawal 1443 H) ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi (Ketua PC LDNU Trenggalek); editor BNA.