Khutbah I
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ الًّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ وَالّذِيْ هَدَانَا لِطَرِيْقِهِ الْقَوِيْمِ وَفَقَّهَنَا فِي دِيْنِهِ الْمُسْتَقِيْمِ. أَشْهَدُ أَنْ لآاِلهَ إِلّاَ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُوْصِلُنَا إِلَى جَنَّاتِ النَّعِيْمِ وَتَكُوْنُ سَبَبًا لِلنَّظَرِ لِوَجْهِهِ الْكَرِيْمِ. وأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِىُّ الرَّؤُفُ الرَّحِيْمُ صَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُوْلِى الْفَضْلِ الْجَسِيْمِ .أَمَّا بَعْدُ:
فَيَا عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المْنَّاَنِ، فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: لَقَدْ كَانَ فِي قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ لِأُوْلِي الْألْبَابِ مَا كَانَ حَدِيثًا يُفْتَرَى وَلَكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ كُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ.صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Hadirin jamaah jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Puja lan puji syukur dhumateng hadlratil Maula Allah Subhanahu wa Ta’ala, atas sedaya nikmat lan karunianipun ingkang mboten kawilang-wilang. Shalawatullah wa salamuhu mugiya tansah kacurahaken atas junjungan kita Baginda Rasulullah shalallahu ‘alaihi wasallam.
Lan mangga kanthi ketulusan sarta katetepan manah, tansah nindakaken sedaya perintahipun Allah Ta’ala lan lebihi sedaya awisanipun, sarta tunduk lan patuh dhateng hukum lan katetepanipun.
Hadirin jamaah jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Allah Ta’ala menika Dzat ingkang ngabulaken donga-donga kawulanipun, sebab Allah Ta’ala sampun dhawuh:
اُدْعُوْنِيْ أَسْتَجِبْ لَكُمْ (الؤمن: ٦٠)
Artosipun: “…Ndongaha marang Ingsun, temtu Ingsun ngeparengaken marang sliramu kabeh…” (Q.S. Al-Mu’min: 60)
Pengabulan donga kasebat menurut menapa ingkang Allah Ta’ala pilihaken, sanes menurut menapa ingkang kita pilih, kranten kita mboten mangertosi perkawis ingkang mbekta manfaat utawi ingkang madharati tumrap kita.
Terkadang kita nyuwun jembaripun rizki, jabatan, utawi pangkat, kranten kita ngira saget mbekta manfaat. Nanging lajeng dereng kinabulan saking Allah Ta’ala. Saget ugi, mboten kinabulanipun panyuwunan kita kasebat, kranten Allah Ta’ala sampun pirsa manfaat utawi madharatipun dhateng agami kita, utawi justru kinabulanipun donga kita, lantas kita mboten amanah lan tumindak maksiat.
Kita perhatosaken dhawuhipun Allah Ta’ala:
وَعَسَىٰ أَنْ تُحِبُّوا شَيْئًا وَهُوَ شَرٌّ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ ( البقرة: ٢١٦)
Artosipun: “Bisa uga sliramu sengit suwijing perkara, padahal perkara iku bagus tumrapmu. Lan bisa uga sliramu seneng suwijing perkara, padahal perkara iku ala tumrapmu. Allah Ta’ala Maha Mirsani, lan sliramu kabeh ora weruh” (Al-Baqarah: 216)
Dados, mboten sak pantesipun kawula berburuk sangka dhumateng Allah amargi donga-donganipun ingkang dereng dipun kabulaken. Lan ingkang paling prayogi, kita kedah instrospeksi diri, kranten Allah Ta’ala sampun dhawuh:
وَرَبُّكَ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ وَيَخْتَارُ ۗ مَا كَانَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ ۚ (القصص: ٦٨)
Artosipun: “Lan Pengeranmu wus ndadekake apa kang wus den kersakake lan wus milihake. Sepisan-pisan ora ana hak kanggo milih tumrap sliramu kabeh.” (Al-Qashash: 68)
Hadirin jamaah jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Hakikatipun, Allah Ta’ala menika sampun njamin badhe ngabulaken donga-donga kawulanipun. Namun menurut menapa ingkang Allah pilihaken, sanes menurut pilihan kita, wonten wekdal waktu ingkang sampun Allah kersakaken, sanes wonten wekdal ingkang kita kepinginaken.
Pengabulan ingkang Allah paringaken menurut fadhalipun Allah, sanes kranten sebab nuruti kepinginan kita. Kados ingkang kahaturaken Syaikh Ibnu ‘Atha’illah as-Sakandari wonten Al-Hikam:
فَهُوَ ضَمِنَ لَكَ الْإِجَابَةَ فِيْمَا يَخْتارُهُ لَكَ لاَ فِيْمَا تَخْتارُهُ لِنَفْسِكَ. وَفي الوَقْتِ الَّذِيْ يُرِيْدُ لَا فِي الْوَقْتِ الَّذِي تُرِيْدُ” .
“Sebab Allah Ta’ala wus njamin nampa sekabehane donga kelawan apa kang Panjenengane kersakake tumrapmu, duduk menurut karepmu, lan ana wektu kang wus Panjenengane tentokake, duduk ana wektu kang sliramu tentokake.”
Hadirin jama’ah jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Sampun ngantos keterlambatan utawi mboten ijabahipun donga kita, padahal kita sampun nemen-nemeni sak lebetpin donga lan ikhtiar, ndadosaken kita berburuk sangka lan putus asa dhateng rahmatipun Allah Ta’ala.
Lan kagem kita ingkang sampun sinembadan hajat lan kepinginanipun, sampun ngantos ndadosaken berbangga lan lupa diri. Kedah kita yakini, bilih sedaya kedadosan sampun dados kehendak lan pilihanipun Allah Ta’ala.
Hadirin ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Sepindah malih, kedah sami-sami kita pahami bilih, Allah Ta’ala njamin ijabahipun donga-donga kita, wonten wekdal ingkang dipun kersakaken Allah sanes wekdal ingkang kita kepinginaken, menurut fadhalipun Allah, sanes menurut kepinginan kita.
Mugi-mugi kita saget mendhet hikmah saking saben-saben masalah ingkang kita adhepi, lajeng instrospeksi diri lan tansah ngumawula lan nenuwun ingkang terbaik kagem diri kita.
باَرَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَ نَفَعَنيِ وَ إِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنّىِ وَ مِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Baca juga:
Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَفِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ
فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْاااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىأَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.وَالْحَمْدللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَخْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 12 Sya'ban 1445 H / 23 Februari 2024 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA/Imha.