![](https://nutrenggalek.or.id/wp-content/uploads/2023/02/khutbah-jumat-masjid-agung-trenggalek-80x54.jpg)
Khutbah I
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى اَمَرَ عِبَادَهُ بِحِفْظِ الصَّلَوَاتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطَى. وَجَعَلَ اللَّيْلَ وَ النَّهَارَ خِلْفَةً لِمَنْ أَرَادَ أَنْ يَذْكُرَ اَوْ أَرَادَ شُكُوْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَكَانَ بِعِبَادِهِ عَفُوًّا غَفُوْرًا، وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ بَشِيْرًا وَ نَذيْراً الدَّاعِى اِلَى الْبِرِّ وَالْهُدَى
اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَاناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ خَيْرِ الْوَرَى. أَمَّا بَعْدُ :فَيَا مَعَاشِرَالْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهِ! اِتَّقُوْاااللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فىِ كِتَابِهِ الْحَكِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Jamaah shalat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Wonten dinten ingkang kebak rahmat lan keberkahan menika, khatib wasiat dhumateng para jamaah, kalangkung dhateng pribadi khatib piyambak. Mangga, tansah njagi lan ningkataken nilai keimanan lan ketakwaan kita dhateng Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, nglampahi sedaya perintahipun lan nebihi sedaya ingkang dipun cegah.
Lan mangga, kita njagi shalat gangsal wekdal ingkang dipun wajibaken Allah, supados kita saget manggihaken katenteremanipun manah lan kawilujengan dunya lan akhirat.
Jamaah shalat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Shalat, minangka ibadah ingkang paling utami, ingkang dados tolak ukur ngibadah-ngibadah lintunipun. Lan kautamanipun shalat saget kita raosaken menawi dipun tindakaken mawi khusyuk.
Wonten ing al-Qur’anil Karim, Allah Ta’ala sampun dhawuh:
اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآاِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْ ۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ
Artosipun: “Temen, Ingsun iki Allah, ora ana pengeran kejaba Ingsun, mula sembahen Ingsun, lan jumenengna shalat kanggo eling (dzikir) marang Ingsun.” (Surat At-Thoha: 14)
Wonten ing ayat menika, Allah Ta’ala nerangaken bilih mboten wonten pengeran ingkang berhak dipun sembah, kejawi namung Panjenenganipun Allah Ta’ala, Dzat ingkang Maha Tunggal. Allah Ta’ala ugi negasaken, bilih shalat minangka sarana kagem dzikir dhateng Panjenenganipun, amargi tujuan utami saking shalat inggih menika dzikrullah. Lan namung kanthi dzikrullah, ingkang saget nentremaken manah kita. Kados ingkang sampun kadhawuhaken Allah wonten ing Al-Qur’anil Karim:
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَطْمَىِٕنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَىِٕنُّ الْقُلُوْبُ
Artosipun: “(Yaiku) wong-wong kang padha iman lan atine dadi tentrem merga dzikir ing Allah. Elinga! Mung sarana dzikir ing Allah, ati bisa tentrem.” (Q.S Ar-Ra’du: 28)
Jamaah shalat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah!
Saking praktek shalat awit saking takbiratul ihram, jumeneng, rukuk, sujud ngantos salam, ingkang kita tindakaken kanthi saestu, kebak penghayatan, sesuai kalian tuntunan (syarat lan rukun) ipun, lan kasampurnaaken mawi dzikrullah, badhe nuwuhaken kesaenan lahir saha batin.
Cara kita nglembahaken manah (at-tadzallul) lan ngagungaken Allah nalika shalat, sarta nyadari mboten wontenipun daya pikuwatan sak lintunipun saking Allah, menika badhe nentremaken manah lan nuwuhaken lelampahan sae (positif) kagem kita.
Menika jumbuh kalian dhawuhipun Allah Ta’ala wonten Al-Qur’anil Karim, surat An-‘Ankabut 45:
اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ
“Saktemene shalat iku bisa nyegah sangka penggawe-penggawe kang ala/keji lan mungkar.”
Shalat saget dados benteng lan ngendhaleni saking perbuatan-perbuatan ingkang awon lan mungkar, ingkang saget ngerugekaken dhateng pribadi lan piyantun lintu.
Jamaah shalat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala!
Mugi-mugi shalat kita saget nentremaken lan dados pepadhangipun manah, nyegah saking tumindak awon lan mungkar. Akhiripun kita dados manungsa ingkang bernilai wonten Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, lan migunani tumrap sesami.
باَرَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَ نَفَعَنيِ وَ إِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنّىِ وَ مِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Baca juga: Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَفِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ
فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْاااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ
تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىأَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.وَالْحَمْدللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَخْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 18 Rajab 1444 H / 10 Januari 2023 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA.