hikmah kurban khatib shalat jumat

Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اَلْحَمْدُ لِّله الَّذِي رَغَّبَنَا بِشَرِيْعَةِ نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ الْاَفْخَمِ. وَهَدَانَا اِلَى سُبُلِ السَّلَامِ.  وَاَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ذُوْ الْجَلَالِ وَالْاِكْرَامِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَرَحْمَتُهُ لِجَمِيْعِ الْعَالَمِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَوَرَثَتِهِ اَزْكَى الصَّلاَةِ وَالسَّلَامِ

فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ, وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً

Jamaah Jum’at ingkang Minulya,

Wonten ing kesempatan ingkang kebak barakah punika, kawula wasiat kagem pribadhi kawula piyambak saha kagem panjenengan sedaya, sumangga kita tansah sami ningkataken keimanan lan keislaman kita dhumateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi nindakaken sedaya perintahipun Allah, lan nilaraken sedaya awisan-awisanipun. Sarana taat dhateng Allah, kita sami badhe dados muslim ingkang muttaqin. Lan sumangga kita sami mendhet hikmah qurban kagem spirit (semangat) ing sak lebetipun alam gesang punika.

Jamaah Jum’at ingkang Minulya,

Qurban ingkang sampun dipun sarengataken Allah mengku nilai-nilai luhur ingkang saget kita pendhet hikmahipun sak lebetipun gesang. Lan Allah sampun paring perintah qurban, kados ingkang kasebat wonten ing al-Qur’an surat al-Kautsar ayat 1 ngantos 2:

إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ ، إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ

Ingkang artosipun: “Sak temene, Kita (Allah) wus paring nikmat kang akeh. Mula, tindakna sholat kerana Pangeranmu, lan tindakna kurban.”

Ibadah qurban punika anggadhahi hikmah ing dalem dimensi utawi ukuran spiritual ugi dimensi sosial. Saking segi spiritual, qurban dados spirit utawi semangat kagem taqarrub (memareg) dhateng Allah Ta’ala. Anapun saking ukuran sosial, qurban nuwuhaken semangat peduli dhumateng sesami, paring kemanfaatan, lan ugi semangat ngorbanaken perkawis ingkang berharga demi kejayaan agama Islam.

Jamaah Jum’at ingkang dipun Rahmati Allah,

Ukara qurban erat kaitannipun kaliyan ukara pengorbanan. Amargi kekalihe kala wau sami tujuannipun, yakni ikhtiar kagem taqarrub dhateng Allah Ta’ala, lan nuwuhaken kemanfaatan kagem pribadi ugi sesami.

Wiwit Islam wonten, lan Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wassalam dipun angkat dados rasul, wiwit niku ugi wonten pengorbanan. Pengorbanan bandha, wektu, pikiran, bahkan nyawa. Menawi kita sami pirsani sejarahipun, Sayyidah Khodijah ingkang awalipun piyantun ingkang paling sugih wonten ing Mekah, sedaya bandhanipun dipun kurbanaken kagem perjuangan Islam, ugi kagem nylametaken kaum muslimin, lan nulung tiyang-tiyang ingkang kekurangan. Semanten ugi Abu Bakar as-Shiddiq, lan shahabat-shahabat Nabi shalallahu ‘alaihi wassalam lintunipun. Sedaya anggunakaken bandhanipun kagem kejayaan Islam lan ngentasaken umat saking kemiskinan.

Semanten ugi pengorbanan wektu ingkang katindakaken Nabi shalallahu ‘alaihi wassalam lan para shahabat. Mboten wonten waktu luang, kecuali namung kagem dakwah lan mbelo agaminipun Allah, yakni agama Islam ingkang luhur.

إِنَّ الدِّينَ عِنْدَ اللَّهِ الْإِسْلَامُ

“Sak temene, agama sing haq ana ngresane Allah iku Islam.”

Para shahabat ugi mencurahkan potensi pemikiran kagem kejayaan Islam lan kemanfaatan umat. Kados Salman Alfarisi, utawi Kholid bin Walid. Kekalihipun angrupekaken pemikir handal wonten babagan strategi perang, lan berkah pemikiranipun tansah mbekta kemenangan kagem kaum muslimin atas komandonipun.

Lan sampun mesthi, pengorbanan nyawa saking para shahabat lan kaum muslimin zamanipun Nabi shalallahu ‘alaihi wassalam. Mboten saget kaetang kathahipun para syuhada’ ingkang gugur wonten ing medan peperangan, awit saking perang Badar, Uhud, Khandaq, lan perang lintu-lintunipun.

Jamaah Jum’at ingkang Minulya,

Kita sami saget mendhet hikmah kagem spirit utawi semangat sak lebetipun kehidupan, kados pundi kedahipun tiyang ingkang beragami sekaligus bersosial kemasyarakatan.

Sebagai tiyang ingkang beragami, kita sami dipun wajibaken amar ma’ruf nahi munkar. Dakwah dados kewajiban saben muslim; ngajak dhateng kesaenan, nglampahi Islam ingkang leres, saha nyegah dhateng kemadharatan lan kemungkaran.

Allah sampun dhawuh wonten ing al-Qur’an surat Ali ‘Imron ayat 104:

وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ

“Lan becik ana saka golongan umat ira kabeh kang ngajak marang kebagusan, ngajak marang perkara bagus (ma’ruf) lan nyegah perkara kang mungkar. Mangkono iku wong-wong kang kabegjan.”

Wondene saking segi sosial, qurban/pengorbanan nuwuhaken spirit utawi semangat remen weweh utawi suka memberi, nasharrufaken bandhanipun kagem tetulung, nyantuni fakir miskin, anak yatim lan kaum dhuafa’. Selain wujud raos syukur dhateng Allah Ta’ala, cara kados punika ageng manfaatipun kagem memperkokoh keislaman, kerukunan, sarta rasa saling menyangi lan memperkuat persatuan.

Mugi-mugi kita sami saget mendhet hikmah saking peristiwa qurban ingkang agung punika, tambah taqarrub dhateng Allah Ta’ala lan sayang dhateng sesami, bahagia wonten ing dunya lan wonten ing akhiratipun, wilujeng saking siksanipun Allah mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Aamiin 3x Yaa Rabbal ‘Aalamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَ نَفَعَنِى وَ اِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم،ِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:  “وَالْعَصْرِ. إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِى خُسْرٍ. اِلاَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II          

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَافِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ

فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَاتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىئَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 15 Dzulhijah 1443 H /15 Juli 2022 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA.
You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa LDNU Trenggalek: Esensi Syukur

Khutbah I الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اخْتَارَ الْبَقَاءَ لِنَفْسِهِ وَارْتَضَاهُ. وَحَكَمَ فِيْهِمْ بِعَدْلِهِ…

Khutbah Jumat Basa Jawa LDNU Trenggalek: Makna lan Kautamaan Wulan Rajab

Khutbah I الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ…