Khutbah I
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اخْتَارَ الْبَقَاءَ لِنَفْسِهِ وَارْتَضَاهُ. وَحَكَمَ فِيْهِمْ بِعَدْلِهِ وَاَمْضَاهُ. وَيَسَّرَ كُلًّا لِمَا خُلِقَ لَهُ فَاَرْضَاهُ. فَساوَى بِالْمَوْتِ بَيْنَ الْغَنِيِّ وَالْفَقِيْرِ وَجَعَلَ التُّرَابَ مَالًا لِلدَّانِىّ وَالشَّرِيْفِ.وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْناَ مِنْ أهْوَالِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلَّذِى خَصَّهُ بِالشَّفَاعَةِ. اللّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ علَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِه الْبَرَرَةِ وأصْحَابِهِ الْكِرَامِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: وَٱعْلَمُوٓاْ أَنَّمَآ أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ ٱللَّهَ عِندَهُۥٓ أَجْرٌ عَظِيمٌ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Ma’asyiral Hadirin Rahimakumullah,
Alhamdulillah, ngantos dinten sak mangke, kita taksih pinaringan rahmat saking Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, mboten namung nikmat lahir (rupinipun kesehatan, kesaenan lan kawilujengan), ananging ugi nikmat batin arupi iman saha Islam. Pramila sumangga tansah kita tingkataken raos syukur kita dhateng Allah, ugi ningkataken ketakwaan kita, sarana nglampahi sedaya perintah-perintah ipun, lan nebihi sedaya larangan-laranganipun Allah, supados kita sami pikantuk kabegjan, kebahagiaan, lan kawilujengan wonten dunya lan mbenjang wonten ing akhirat.
Ma’asyiral Hadirin Rahimakumullah,
Wonten kesempatan ingkang kebak barokah punika, kawula saperlu ngaturaken temanipun khutbah, yakni: Esensi Utawi Hakikatipun Syukur
Hakikatipun syukur inggih punika kita kedah nyumerapi bilih mboten wonten ingkang paring nikmat kejawi namung Allah Ta’ala. Mboten namung nikmat ingkang dhumawah wonten jiwa lan raga, ananging ugi sedaya perkawis ingkang saget nyekapi kebutuhan hidup lan sak panunggalanipun. Lajeng sarana nikmat kalawau, kita gumregah tumandang nindakaken kesaenan, ingkang nuju dhateng ridhanipun Allah Ta’ala.
Saking punika pramila syukur kaperang dados tigang perkawis: 1) syukur bil lisan, 2) syukur bil qalbi, lan 3) syukur bil arkan.
Maksudipun:
Angka sepisan, syukur bil lisan. Kita rumaos bungah atas sedaya peparing saking Ngarso Dalem Allah, lan tansah ngucapaken pujian (tahmid), minangka tanda syukur kita dhateng Allah.
Ananging para rawuh, terkadhang kita kirang memahami bilih ingkang dipun wastani rezeki utawi nikmat punika namung sebatas ukuran duniawi mawon. Kita kasupen, bilih rezeki/nikmat punika mawarni-warni bentuk lan macemipun. Langkung-langkung kita kaliyan Allah dipun paringi akal. Kanthi akal ingkang sampurna, kita saget mbentenaken antawis barang haq lan bathil, barang sae lan awon, perkawis halal lan haram, lan sak panunggalanipun. Akal saget mbentenaken antawis manungsa kalian hayawan. Kanthi akal, kita saget mbentenaken antawis perintah lan awisanipun agami.
Menawi kita ngukur kenikmatan namung saking segi duniawi/materi mawon (sugih bandha), nanging mboten dipun sarengi sugih ati, badhe dados bencana.
Dhawuh Ngarso Dalem Allah Ta’ala wonten Al-Qur’an:
وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهُ اَجْرٌ عَظِيْمٌ
“Lan ngertenana, yen bandha ira lan anak-anak ira kuwi namung minangka cobaan, lan sak temene ing Ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe.” (Q.S. al–Anfal: 28)
Wondene syukur ingkang angka kalih, yakni syukur bil qalbi. Tegesipun, kita meyakini kanthi manah/qalbu, bilih sedaya nikmat/peparing menika saking Ngarsa Dalem Allah, sahingga manah kita tansah kumanthil, dzikir (eling) dhateng Allah, Dzat ingkang Maha Murah lan Maha Paring.
Nanging, terkadang manungsa punika kathah supe nipun. Nalika nampi nikmat mboten rumaos bilih sedaya namung titipan lan peparingipun Allah. Akhiripun mboten mangertosi nilai nikmat ingkang katampi. Lan baru nyadari betapa berharganipun nikmat punika sak sampunipun nikmat kalawau lepas saking piyambak ipun.
Kados petuahipun Syaikh Ibn ‘Atha’illah as–Sakandari wonten ing Kitab al–Hikam:
مَنْ لَمْ يَعْرِفِ النِّعَمَ بِوُجْدَانِهَا عَرَفَهَا بِوُجُوْدِ فُقْدَانِهَا
“Tiyang ingkang mboten mangertosi nilai nikmat nalikane pikantuk, mangka badhe mangertosi nalika nikmat kalawau sampun lepas saking piyambake.”
Ingkang angka tiga: syukur bil arkan. Ingkang mengandung maksud, kanthi cara anggunaken sedaya nikmat peparingipun Allah kagem nglampahi ketaatan dhateng Allah, lan kanthi terus menerus anjagi nikmat kalawau supados mboten kita gunakaken kagem kemaksiatan.
Kados conto, kita dipun paringi paningal. Sak lintunipun kita gunaken kagem mirsani perkawis ingkang sae (tegesipun mboten mirsani perkawis ingkang dipun larang syara’ lan dipun haramaken), ugi kagem nutupi sedaya aib ingkang kita pandhang saking sedherek sesami muslim.
Mensyukuri talingan (pendengaran) ugi mekaten. Kita nutup sedaya dosa ingkang kita kepireng saking sedherek sesami muslim, kecuali namung kagem midhangetaken suwanten-suwanten ingkang mboten dipun larang kalian Allah.
Kita pinaringan lisan, kita syukuri sarana kagem bicara kesaenan, mboten kagem mbicara kang ala, lan perkawis-perkawis ingkang ndadosaken perpecahan, permusuhan, lan ngrusak kerukunan. Makaten lan sak terusipun, sedaya anggauta badhan peparingipun Allah punika, leres-leres kita gunakaken kagem perkawis lan margi ingkang dipun ridlani Allah Ta’ala.
Ma’asyiral Hadirin Rahimakumullah,
Intinipun, esensi saking syukur inggih punika: raos bingah lan marem wonten ing sak lebetipun manah, sahingga kanthi syukur punika nuwuhaken pakerti sae. Ibarat ipun, sak sampunipun nampi kanugrahan saking Ngarso Dalem Allah Ta’ala, badhe tambah lan meningkat iman saha amalipun, dados tiyang ingkang saget migunani dhateng sedaya umat manungsa.Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا.
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ الصَّادِقِ الْوَعْدِ الْأَمِيْنِ، وَعَلٰى إِخْوَانِهِ النَّبِيِّيْنَ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ أُمَّهَاتِ الْمُؤْمِنِيْنَ، وَآلِ الْبَيْتِ الطَّاهِرِيْنَ، وَعَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ، أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنِ الْأَئِمَّةِ الْمُهْتَدِيْنَ، أَبِيْ حَنِيْفَةَ وَمَالِكٍ وَالشَّافِعِيِّ وَأَحْمَدَ وَعَنِ الْأَوْلِيَاءِ وَالصَّالِحِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ فَاتَّقُوْهُ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلٰى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ غَيْرَ ضٰالِّيْنَ وَلاَ مُضِلِّيْنَ، اَللّٰهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتِنَا وآمِنْ رَّوْعَاتِنَا وَاكْفِنَا مَا أَهَمَّنَا وَقِنَا شَرَّ ما نَتَخوَّفُ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبٰى ويَنْهٰى عَنِ الفَحْشٰاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَاتَّقُوْهُ يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
*Teks khutbah Jumat berbahasa Jawa ini (Edisi 4 Maret 2022) disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek.