Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُللهِ الْمَلِكِ الْمَنَّانِ. الَّذِى أَمَرَ عِبَادَهُ بِحِفْظِ اللِّسَانِ. اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الدَّيَّانِ، وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ الْمَبْعُوثُ لِيُخْرِخَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى نُوْرِ الإِيْمَانِ

اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَاللهِ! اُوْصِيْكُمْ وَ اِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْحَكِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: إِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ، اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Hadirin Jamaah shalat Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala,

Ketakwaan dhumateng Allah Ta’ala badhe nuwuhaken ketenangan batin. Pramila, mangga kita tingkatkan ketakwaan kita dhumateng Allah Ta’ala, sarana taat dhateng sedaya kewajiban lan perintahipun, saha nebihi sedaya dosa lan awisanipun. Supados saget kita raih ketenangan batin, saha kebahagiaan wonten dunya lan akhirat.

Lan mangga kita ningkataken kewaspadaan dhateng pribadhi kita piyambak-piyambak, dhateng penyakit-penyakit manah ingkang dados sumberipun kerusakan lan kejahatan. Kados ingkang sampun kadhawuhaken Panjenenganipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam:

ثَلَاثٌ مُهْلِكَاتٌ: شُحٌّ مُطَاعٌ، وَهَوًى مُتَّبَعٌ، وَإِعْجَابُ الْمَرْءِ بِنَفْسِهِ

Artosipun: “Ana telung perkara kang bisa ngrusak’ake: Yakni, nuruti sifat kikir, hawa nafsu lan ‘ujub (berbangga diri).”

Hadirin Jamaah shalat Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala,

Imam Al-Ghazali wonten kitab Bidayatul Hidayah ugi nerangaken, bilih wonten tigang jenis penyakit manah ingkang paling bahaya, lan dados sumber utawi induk ipun sedaya kerusakan lan kejahatan.

Nomer setunggal, hasud/dengki. Dengki punika berawal saking sifat kikir atas nikmatipun Allah Ta’ala. Piyantun ingkang dengki, menika mboten remen dhateng peparingipun Allah dhateng piyantun sanes. Saget menika arupi bandha, ilmu, pengaruh wonten masyarakat lan lintu-lintunipun.

Bahkan, piyantun ingkang dengki menika, berharap dhateng icalipun peparing Allah dhateng piyantun sanes kalawau. Menika substansi utawi sumber saking kerusakan lan kejahatan. Pramila saking punika, Kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring peringatan wonten dhawuhipun:

اَلْحَسَدُ يَأْكُلُ الْحَسَنَاتِ كَمَا يَأْكُلُ النَّارُ الْحَطَبَ

Artosipun: “Dengki iku bisa mangan (ngentekake) ngamal kebagusan, kaya dene geni ngentek’ake kayu bakar.”

Nomer kalih riya’/pamer. Riya’ punika kagolong perbuatan syirik ingkang samar/lembut, lan sumberipun saking hawa nafsu. Nafsu supados pikantuk kedudukan, kehormatan lan pangalembana saking piyantun sanes.

Nomer tiga ‘ujub (berbangga diri). Piyantun ingkang ‘ujub, menika nyawang dhateng pribadhinipun piyambak paling penting, mulya lan nyuwun dipun hormati (gila hormat), sahingga nyawang ina lan asor dhateng piyantun sanes. Menawi tingkah wonten majelis-majelis, piyantun ujub menika nyuwun dipun ajeni, dipun mulyakakan, saha nyuwun fasilitas lan prioritas utami. Lan menawi kagungan pendapat, nyuwun dipun turuti lan mboten nampi saran piyantun sanes.

Hadirin Jamaah shalat Jum’ah ingkang dipun rahmati Allah Ta’ala,

Tigang jenis penyakit manah ingkang sampun kasebat, saget dipun kendhalekaken menawi kita sadar bilih bandha, ngelmu, kedudukan lan kehormatan menika, namung semata-mata kangunanipun Allah Ta’ala.  Lan ukuran mulyanipun manungsa menika, mulya wonten Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Mugi-mugi kita sami dipun paringi hidayah lan ma’unah saking Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, saget njagi manah saking penyakit-penyakit ingkang saget ngrusak batin lan ngamal ngibadah.

باَرَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَ نَفَعَنيِ وَ إِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنّىِ وَ مِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ أَشْرَفِ الْمَخْلُوْقَاتِ، وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ التَّقْوَى وَالْمَغْفِرَةِ

فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! اِتَّقُوْاااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ

تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَأَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْغَلَاءَ وَالْفَخْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَارَبَّ كُلِّ شَيْءٍ بِقُدْرَتِكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ، اِغْفِرْلَنَا كُلَّ شَيْءٍ وَلَاتَسْىأَلْنَا عَنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَاتُحَاسِبْنَا فِى كُلِّ شَيْءٍ وَاَعْطِنَا كُلَّ شَيْءٍ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.وَالْحَمْدللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَخْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Teks Khutbah Jumat berbahasa Jawa edisi 26 Mei 2023 ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA/Imha.
You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa LDNU Trenggalek: Esensi Syukur

Khutbah I الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اخْتَارَ الْبَقَاءَ لِنَفْسِهِ وَارْتَضَاهُ. وَحَكَمَ فِيْهِمْ بِعَدْلِهِ…

Khutbah Jumat Basa Jawa LDNU Trenggalek: Makna lan Kautamaan Wulan Rajab

Khutbah I الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ…