Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

اللهُ اَكْبَرُ الله ُاَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ ، اللهُ اَكْبَرُ الله ُاَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ الله ُاَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ ، لاَاِلَهُ اِلَّا اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِى بَشَّرَالْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا وَالْاَخِرَةِ، وَاَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَى قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ الْمُتَمَسِّكِيْنَ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ

اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ، وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ

اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى الْبَشِيْرِ النَّذِيْرِ مُحَمَّدٍ رَسُوْلِ اللهِ الَّذِى جَاءَ بِالْحَقِّ الْمُبِيْنِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

اَمَّا بَعْدُ: فَيَا اَيُّهَاالنَّاسُ، اُوْصِيْكُمْ وَ نَفَسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فِى كُلِّ وَقْتٍ وَحِيْنٍ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْحَكِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ، اِنَّ شَانِئَكَ هُوَالْأَبْتَرُ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ

Ma’asyiral muslimin wal muslimat rahimakumullah,

Sakyetosipun, hamba punika dipun tuntut nglampahi perintah-perintahipun Allah Ta’ala, ninggalaken awisan-awisanipun, saha nyandharaken gesang ipun namung dhateng Ngarso Dalem Allah Swt. Pramilo saking punika, kagem sinten mawon ingkang pikantuk karunia arupi tigang unsur kasebat, sejatosipun sampun pikantuk anugerah ingkang sampurno, yakni kedudukan taqwa saking Allah Swt. Mugi-mugi kita sami tansah pikantuk ridha tuwin rahmatipun Allah, berkualitas gesang kita, berkualitas iman lan taqwa kita.

اللهُ اَكْبَرُ الله ُاَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ

Ma’asyiral muslimin wal muslimat rahimakumullah,

Peristiwa Hari Raya Kurban mboten terlepas saking ketokohan lan keteladanan Nabi Ibrohim ‘alaihissalam, ugi Nabi Isma’il ‘alaihissalam, saha peran penting ipun ibunda tercinta, Sayyidah Hajar.

Saking peristiwa agung punika, kita badhe ngaturaken keteladanan saking tigang tokoh kasebat.

Sepindah, Nabi Ibrohimalaihissalam.

Panjenenganipun, sebagai seorang nabi, sekaligus kepala rumah tangga, ugi seorang pemimpin. Panjenenganipun seorang ayah ingkang sanget menyayangi ingkang putra, garwa, saha amanah sebagai pemimpin. Keteguhan imanipun, kedermawananipun, kesabaran manahipun, lan tanggung jawabipun, ugi amanah sebagai nabi, ngantos panjenenganipun pikantuk julukan Kholilulloh, lan kalebet golongan nabi Ulul ‘Azmi.

Dhawuhipun Allah wonten al-Qur’an, surat an-Nisa’ ayat 125:

وَمَنْ اَحْسَنُ دِيْنًا مِّمَّنْ اَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَّاتَّبَعَ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَاتَّخَذَ اللّٰهُ اِبْرٰهِيْمَ خَلِيْلًا

Artosipun kirang langkung: “Lan sapa to sing luwih bagus agamane tinimbang wong sing ikhlas berserah diri marang Allah. Lan dheweke nglakoni kebagusan lan ndherek agamane Ibrohim kang lurus? Lan Allah milih Ibrohim dadi kinasihe.”

Ing antawis keteladananipun Nabi Ibrohim ‘alaihissalam, peristiwa kurban punika wujud janji utawi nazaripun dhateng Allah. Inggih punika, nalika dereng pikantuk putra, panjenenganipun nate nazar dhateng Allah. Awit saking kepatuhinipun dhateng Allah, panjenenganipun ridha ngorbanaken sedaya ingkang dados kagunganipun, termasuk ngorbanaken ingkang putra. Lan janji punika leres-leres katindakaken sak sampunipun pikantuk petunjuk lan perintah lewat mimpi, kaleres malem tanggal 8 ngatos malem 10 Dzulhijah. Sak sampunipun yakin bilih mimpi punika haq perintah saking Allah, kanthi kebak ing sabar lan keikhlasan, lajeng panjenenganipun ngasta ingkang putra saperlu badhe dipun sembelih, dipun kurbanaken.

Hikmah punika nggambaraken keteladanan Nabi Ibrohim ‘alaihissalam, bilih panjenenganipun piyantun ingkang teguh pendirianipun, ikhlas ngamalipun, sabar, amanah, lan total pengabdian lan penghambaanipun dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Kaping kalih, Sayyidah Hajar.

Sak sampunipun ingkang putra mijil, panjenganipun Sayyidah Hajar ngrumat ingkang putra kanthi raos tresna lan kasih sayang. Utaminipun, naliko ingkang garwa, yakni Nabi Ibrohim ‘alaihissalam, tindak berjuang lii’lai kalimatillah (negakaken agaminipun Allah), kanthi sabar lan ikhlas, senaoso ingkang garwa tindak mboten paring bebungah tinggalan bandha dunya ingkang kathah. Sayyidah Hajar angrupekaken sosok istri ingkang qona’ah (nrimo ing pandum), mboten kagungan tuntutan ingkang berlebihan dhateng garwa. Beliau ageng pangertosanipun dhateng ingkang garwa, punopo malih dhateng babagan perjuanganipun garwa dhateng agaminipun Allah.

Punika teladan kagem kaum ibu-ibu. Sebagai ibu, lan istri saking suaminipun. Sayyidah Hajar sampun paring teladhan kesabaran, keikhlasan, lan qona’ah dhateng suami kados pundi kemawon kawontenanipun. Ketangguhan lan ketegaran Sayyidah Hajar patut dados tuladha kagem ibu-ibu zaman sak punika. Amargi, saking pribadi ibu utawi wanita shalihah, badhe nuwuhaken putra-putri ingkang shaleh lan shalihah. Kados ibunda Sayyiddah Hajar kagungan putra ingkang sanget shaleh, yakni Nabi Isma’il ‘alaihissalam.

اللهُ اَكْبَرُ، الله ُاَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ .وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral hadirin rahimakumullah,

Kaping tiga, Nabi Isma’il alaihissalam.

Sak sampunipun ingkang rama (Nabi Ibrohim ‘alaihissalam) paring wartos perintah saking Allah, supados ngorbanaken panjenenganipun, Nabi Ismail ‘alaihissalam mboten berkecil hati punapa malih menentang. Kanthi tenang, sabar lan ikhlas, beliau justru nganjuraken dhateng ingkang rama supados enggal-enggal nindakaken perintah saking Allah.

Kepribadian Nabi Isma’il ‘alaihissalam punika kebak tuntunan lan teladhan, kados pundi kedahipun dados putra. Putra ingkang shaleh, yakni putra ingkang bekti tuhu dhateng tiyang sepahipun (ridhallah fi ridha walidain, wa sukhtullah fi sukhti walidain). Kepribadian saking Nabi Isma’il punika ugi mengku isyarat kagem para pemuda. Pemuda kedah bangkit lan semangat ing ndalem ngadhepi kehidupan. Maujudaken gesang ingkang langkung sae, langkung berarti, kanthi dhasar ketegaran jiwa saha kukuh kekeh anggene njagi nilai-nilai keimanan lan ketaqwaan, ugi nyandharaken sedaya urusan namung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Firman Allah, surat al-Insyirah ayat 7-8:

فَإِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْ، وَاِلَى رَبِّكَ فَارْغَبْ

Ingkang artosipun: “Mangka nalikane sliramu wus cukup (saka sawijine urusan), tindakno sarana temenan (urusan) kang weneh. Lan amung marang Pengeranmu, pangarep-ngarep (harapan) ira, utawi nyenyuwun kanthi merendahkan diri”.

Ma’asyiral muslimin wal muslimat rahimakumullah,

Saking kisah perjalanan panjang Nabi Ibrohim ‘alaihissalam lan keluarganipun, kita pendhet hikmah keteladananipun, bilih kuncinipun kesuksesan inggih punika: ngrumiyinaken perintahipun Allah, tawakal lan berjiwa sosial. Punika selaras kalian hakikatipun qurban, nuwuhaken taqarrub dhateng Allah, mboten namung sebatas nilai fisik ipun hewan kurban, ananging langkug dhateng nilai taqwa lan keikhlasanipun.

Kados ingkang sampun kasebat wonten ing al-Qur’an surat al-Hajj ayat 37:

لَنْ يَّناَلَ اللهَ لُحُوْمُهَا وَلَادِمَائُهاَ وَلَكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ، كَذَالِكَ سَخَّرَهاَ لَكُمْ لِتُكَبِّرُوااللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِالْمُحْسِنِيْنَ

Ingkang artosipun: “Daging (kewan kurban) lan getihe iku ora ndadekake tumeka marang Allah. Ananging sing ndadekake tumekane marang Allah iku nilai ketaqwaane. Ngono iku Allah nudhukake kanggo sliramu, supaya sliramu ngagungake Allah marang petunjuk kang wus den paringake marang sliramu. Lan aturno kabar marang wong-wong kang padha agawe kebagusan.

Mugi-mugi kita sami tansah pinaringan hidayah saking Allah Ta’ala, manggihi kesuksesan lan kebahagiaan wonten ing dunya lan wonten ing akhirat. Amin amin amin, Ya Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَ نَفَعَنِى وَ اِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم: وَالْعَصْرِ، إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِى خُسْرٍ، اِلاَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca juga:

Khutbah II  

اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ اللهُ  اَكْبَرُ اللهُ  اَكْبَرُ، اللهُ  اَكْبَرُ اللهُ  اَكْبَرُ اللهُ  اَكْبَرُ. اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُلِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ الْاَعْيَادَ بِالْاَفْرَاحِ وَالسُّرُوْرِ. اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اَلْعَفُوُّالْغَفُوْرُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى جَاءَ لِيُخْرِج النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ اِلَى النُّوْرِ. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ، صَلَاةً وَسَلَامًا دَاِئَمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ النُّشُوْرِ

اَمَّا بَعْدُ: فَيَااَيُّهَاالْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ الله تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا، اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اسْتُرْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اجْبُرْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اَصْلِحْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ عَافِ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ احْفَظْ اُمَّةَ سَيَّدِناَ مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَحْمَةً عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مَغْفِرَةً عَامَّةً يَارَبِّ الْعَالِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ فَرِّجْ عَنْ اُمَّةِ سَيَّدِنَا مُحَمَّدٍ فَرَجًا عَاجِلاً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّار

عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِى يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْاهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ

Teks Khutbah Idul Adha Basa Jawa 1443 H berbahasa Jawa ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA.

You May Also Like

Bacaan dan Tata Cara Bilal Shalat Jumat (Panduan Singkat)

Dalam pelaksanaan shalat Jumat, bilal atau muraqqi mempunyai peran yang penting. Bilal…

Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha

Bilal atau Muraqqi adalah seseorang yang bertugas mengumandangkan tarqiyah (seruan kepada jamaah untuk melaksanakan salat). Berikut tata cara dan bacaan bilal salat Idul Adha.

Khutbah Jumat Basa Jawa: Menakar Perjalanan Hidup di Dunia untuk Kehidupan di Akhirat (LDNU Trenggalek)

Khutbah I اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ اَلْحَمْدُللهِ الَّذِيْ وَعَدَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا…

Khutbah Jumat Bahasa Jawa LDNU Trenggalek: Esensi Syukur

Khutbah I الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ اخْتَارَ الْبَقَاءَ لِنَفْسِهِ وَارْتَضَاهُ. وَحَكَمَ فِيْهِمْ بِعَدْلِهِ…