
Khutbah I
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ
اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا وَّالْحَمْدُللهِ كَثِيْرًا وَّسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا. لَاإِلَهَ اِلَّااللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ. اَللهُ اَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى بَشَّرَ الْمُتَّقِيْنَ بِأَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَى فِى الدُّنْيَا و َالْأَخِرَةِ. أَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَ أَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدَهُ وَ رَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَاناَ مُحَمَّدٍ وَّعَلَى آلِه واَصْحابِهِ الْكِرَامِ الْبَرَرَةِ
فَيَا اَيُّهاَ النَّاسُ اتَّقُوْاااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْحَكِيْمِ، أَعُوْذُ باِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Allâhu Akbar (3x) Allâhu Akbar walillâhilhamdu
Hadirin jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun dirahmati Allah Ta’ala,
Takwallah, menika dados kunci kesuksesan wonten dunya tuwin wonten akhirat. Pramila saking punika, mangga kita tansah ambudidaya ningkataken nilai ketakwaan kita dhateng Ngarsa Dalem Allah Ta’ala, kanthi patuh dhateng sedaya perintahipun lan nebihi dhateng sedaya ingkang dados awisanipun.
Allâhu Akbar (3x) Allâhu Akbar walillâhilhamdu
Hadirin jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun dirahmati Allah Ta’ala,
Kagem nyempurnakaken raos bungah kita saat menika, mboten wonten ingkang langkung prayogi kita aturaken, kejawi ungkapan raos syukur dhateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, atas sedaya nikmat lan peparingipun. Lan wonten ing kesempatan ingkang berbahagia menika, kawula ngajak para Jamaah kagem neladani kepribadian mulya saking Nabi Ibrahim ‘alaihissalam supados saget ndidik putra dados shaleh.
Wonten ing al-Qur’anil Karim, Allah Ta’ala dhawuh:
وَاِذِابْتَلٰٓى اِبْرٰهِمَ رَبُّهُ بِكَلمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّ، قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًا، قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْ، قَالَ لَايَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ. (البقرة ١٢٤)
Artosipun: “Lan elinga, nalikane Ibrahim diuji Pengerane karo pira-pira perintah, mangka dheweke nindakake perintah iku kanthi sampurna. Pengerane dhawuh: ‘Sak temene Ingsun ndadekake sliramu pemimpin tumrap umat manungsa.’ Ibrahim matur: ‘(mekaten ugi) saking keturunan kula.’ Pangerane dhawuh: ‘Janjiku ora tumiba marang wong-wong kang tumindak aniaya.’ (Q.S. al-Baqarah: 124)
Saking ayat menika, wonten tigang tuladha ingkang saget kita pendhet hikmahipun sak lebetipun ngupadi ndidik putra supados saget shaleh:
Sepisan, bilih ndidik putra menika kedah dipun awali saking diri pribadi tiyang sepahipun. Nabi Ibrahim ‘alaihissalam minangka piyantun ingkang sanget patuh dhateng perintahipun Allah Ta’ala. Lan kepatuhanipun dhateng Allah menika dipun tanamaken dhateng jiwa ingkang putra, yakni Nabi Ismail ‘alaihissalam. Kranten, ketaatan utawi kepatuhan dhateng Allah menika dados kunci utami keshalehanipun tiyang, ingkang kedah dipun tanamaken kagem putra awit taruna.
Tugas tiyang sepah paring bekal keimanan, ketakwaan, lan akhlak mulya tumrap putra-putrinipun. Kasebat wonten surat al–Baqarah ayat 197:
وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ ۚ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰابِ
Artosipun: “Lan sanguha sira kabeh, sak temene sak bagus-baguse sangu yaiku takwa, lan takwaha marang Ingsun, he wong-wong kang padha nduweni akal.” (Q.S. al-Baqarah: 197)
Kaping kalih, ndongakaken ingkang putra. Kasebat wonten ing al-Qur’an surat as-Shaffat ayat 100, ingkang mengku doanipun Nabi Ibrahim ‘alaihissalam, Allah dhawuh:
رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ
Artosipun: “Dhuh Pangeran kula, mugi kaanugerahaken dhateng kula (putra) saking golonganipun tiyang-tiyang shaleh.”
Lumrahipun, saben-saben tiyang sepah pasti kagungan harapan putra-putrinipun dados shaleh lan shalehah. Lan kewajiban tiyang sepah, disamping berusaha ugi kedah ndongakaken, masrahaken jiwa raga putra-putripun dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kaping tiga, cara ndidik putra supados shaleh, inggih punika mawi cara ngajaraken dhateng kesaenan. Saking peristiwa kurban, Nabi Ismail ‘alaihissalam tuwuh dados piyantun ingkang kagungan pribadi sosial, sabar, ikhlas, teguh pendirian, ngabekti dhateng tiyang sepah saha patuh lan tunduk dhateng Pangeranipun.
Allâhu Akbar (3x) Allâhu Akbar walillâhilhamdu
Hadirin jamaah shalat Idul Adha ingkang dipun dirahmati Allah Ta’ala,
Sarana neladhani pribadi mulya saking Nabi Ibrahim ‘alaihissalam, mugi-mugi Allah Ta’ala ngrahmati kita sedaya, putra-putri ingkang shaleh lan shalehah. Shaleh lan shalehah wonten ing dunya tuwin wonten ing akhirat.
أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
اِنَّٓا اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ (٢) إِنَّ شَانِئَكَ هُوَالْاَبْتَرُ (٣)
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُاللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
- Baca juga: Tata Cara dan Bacaan Bilal Salat Idul Adha
Khutbah II
اللهُ اَكْبَرُ ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ. اللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُلِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلًا. لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ الْاَعْيَادَ بِالْاَفْرَاحِ وَالسُّرُوْرِ. اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلَّااللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ اَلْعَفُوُّالْغَفُوْرُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِى جَاءَ لِيُخْرِج النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ اِلَى النُّوْرِ. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ، صَلَاةً وَسَلَامًا دَاِئَمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ اِلَى يَوْمِ النُّشُوْرِ
اَمَّا بَعْدُ: فَيَااَيُّهَاالْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ الله تَعَالَى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا، اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اسْتُرْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اجْبُرْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ اَصْلِحْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ عَافِ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ احْفَظْ اُمَّةَ سَيَّدِناَ مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَحْمَةً عَامَّةً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مَغْفِرَةً عَامَّةً يَارَبِّ الْعَالِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ فَرِّجْ عَنْ اُمَّةِ سَيَّدِنَا مُحَمَّدٍ فَرَجًا عَاجِلاً يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّار
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِى يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْاهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ اَكْبَرُ
Teks Khutbah Idul Adha 10 Dzulhijah 1444 H / 2023 (Bahasa Jawa) ini disusun oleh Kiai Ali Asmungi, Ketua PC LDNU Trenggalek; editor BNA/Imha.